Nonton jaranan jogete jawa timuran
Ndelok bareng bareng konco kancane
Lincah luwes sigrak egolan solah tarine
Gawe gandurung kepincut para pemirsane
He rodok suwe jaranane rodok ngglele
Polahe bedigasan koyok kesurupan
Barongan celengan pentulan jejogetan
Cetar ceter pecut dedekne kesetanan
Tulat tulit srompet rancak tabuhe gendang
Jaranan sing ndadi mambu menyan mangan kembang
Uga ana seng nylintut ning mburi njupuk gedang
Pancen macem-macem polah tingkahe jaranan
Jaranan kesurupan, mripate jelalatan
Njarak wedok-wedokan seng ndelok ono pinggiran
Jaranane kesurupan, nibo blek gelesetan
Njarak wedok-wedokan seng ndelok ono pinggiran
Nanging sing paling penting ayo diuri-uri
Ben jaranan iki ra diaku luar negeri
Tulat-tulite srompet rancak tabuhe gendang
Jaranan sing ndadi mambu menyan mangan kembang
Uga ana seng nylintut ning mburi njupuk gedang
Pancen macem-macem polah tingkahe jaranan
Jaranan kesurupan, mripate jelalatan
Njarak wedok-wedokan seng ndelok ono pinggiran
Jaranane kesurupan, nibo blek gelesetan
Njarak wedok-wedokan seng ndelok ono pinggiran
Nanging sing paling penting ayo diuri-uri
Ben jaranan iki ra diaku luar negeri
Nanging sing paling penting ayo diuri-uri
Ben jaranan iki yo tetep lestari